twitter
rss

-->

BEGAWAN KILAT BUWANA
-sinopsis dening: Immamah Nasiroh XII IPS 4-
            Begawan Kilat Buwana yaiku guru ana ing negara Astina.Begawan Kilat Buwana dadi gurune Pandawa lan Kurawa.Tujuane Begawan Kilat Buwana yaiku murungake perang Baratayudha. Ananging,Prabu Kresna ora sarujuk karo Begawan Kilatbuwana.Begawan Kilatbuwana dadi nesu marang Prabu Kresna. Miturut Prabu Kresna,carane bisa murungake perang Baratayudha yaiku Duryudana ngulungake negara Astina marang para Pandhawa sautuhe.  Banjur Begawan Kilat Buwana ngusir Prabu Kresna.
            Miturut Begawan Kilatbuwana,syarat rukune Pandawa lan Kurawa yaiku patine Prabu Kresna lan Semar Badranaya.Kanggo mateni Semar, Begawan Kilatbuwana ngutus Janaka lan Bramangkara lan ngutus Duryudana kanggo ngoyak  Prabu Kresna. Begawan Kilatbuwana janji marang Indrasekti, yen Indrasekti bakalan di pasangake karo Lesmanawati anake Duryudana.
            Ana ing sawijining panggonan, Abimanyu lan Gatotkaca nemoni Semar. Abimanyu nekakake pesene eyang Abiyasa marang Semar. Pesene eyang Abiyasa yaiku, ngajak para Pandawa supaya bali ana ing negara Amarta lan ora oleh maguru marang Begawan Kilatbuwana amarga Begawan Kilatbuwana mung gawe petaka/karusakan. Banjur Semar nguncalake Abimanyu lan Gatotkaca ana ing taman Kadilengen,Astina tujuane yaiku kanggo ketemu para Pandawa lan nekakake pesene eyang Abiyasa supaya para Pandawa bali ana ing negara Amarta.
            Nalika Semar dewean, sawetara wektu Janaka teko. Janaka nggawa keris Pulanggeni kanggo mateni Semar. Janaka ngomong marang Semar yen Janaka diutus karo Begawan Kilatbuwana supaya mateni Semar. Semar  ngangkon Janaka supaya gawe gni kanggo mateni Semar. Banjur,Janaka gawe geni lan ngobong Semar. Semar dadi awu. Janaka lunga lan gawa awu. Sawise Janaka lunga, Semar malih dadi kesatriya kang aran Begawan Cahyabuwana.
            Ana ing taman Kadilengen, Astina Lesmanawati ngomong-ngomong karo Dewi Banuwati.Sawetara wektu, Abimanyu teko. Abimanyu lan Lesmanawati ditinggal Dewi Banuwati.Indrasekti weruh Abimanyu lan Lesmanawati,Indrasekti nesu marang Abimanyu. Para Pandawa krungu ana suara kang ora penak. Para Pandawa nekoni suara mau.Abimanyu nekakake pesene eyang Abiyasa. Banjur para Pandawa lunga saka Astina lan nemoni Prabu Kresna. Nalika Pandawa lan Prabu Kresna lagi omong-omong,Begawan Cahyabuwana teko. Begawan Cahyabuwana lagi nindakake Tapa Ngrame yaiku wajib menehi pitulungan marang sapa wae kang mbutuhake.
            Begawan Cahyabuwana nemoni Begawan Kilatbuwana. Begawan Kilatbuwana lan Begawan Cahyabuwana dadi perang. Ana ing tengah perang,sawetara wektu Begawan Cahyabuwana malih dadi Semar lan Begawan Kilatbuwana malih dadi Batara Guru.Tujuane Batara Guru yaiku kanggo ngelingake marang takdir yen perang Baratayudha wis dadi pestine amarga iku sarana sirnane angkara murka, timbule kautaman lan ngilengake para pamong Pandawa supaya waspada.
           

Kaligrafi aksara jawa menika karyanipun para siswa SMA N 1 Ambarawa... Tetembungan kange kaligrafi mundhut saking paribasan, bebasan lan saloka..









Ing ngandhap menika gambar kangge bahan praktek micara....Gatekna kanthi permati....Nomor gambar jumbuh kaliyan nomer undian saben kelompok.





NB:
  •  Adhedhasar gambar wau, damel pacelathon kanthi ngecakkaken unggah-ungguh basa (undha-usuk basa).
  • Nalika praktek saged dijangkepi ngangge "properti" ingkang jumbuh/trep kaliyan temanipun.

1000 manuscript kuno tak tersentuh seakan tak bermakna....
tak semua orang bisa baca...
dan tak semua orang yg bisa baca mau baca......
padahal di dalamnya tersimpan nilai2 yg sarat makna....


(Serat Suluk Plencung)