-->
BEGAWAN
KILAT BUWANA
-sinopsis dening:
Immamah Nasiroh XII IPS 4-
Begawan Kilat Buwana yaiku guru ana ing negara
Astina.Begawan Kilat Buwana dadi gurune Pandawa lan Kurawa.Tujuane Begawan
Kilat Buwana yaiku murungake perang Baratayudha. Ananging,Prabu Kresna ora
sarujuk karo Begawan Kilatbuwana.Begawan Kilatbuwana dadi nesu marang Prabu
Kresna. Miturut Prabu Kresna,carane bisa murungake perang Baratayudha yaiku
Duryudana ngulungake negara Astina marang para Pandhawa sautuhe. Banjur Begawan
Kilat Buwana ngusir Prabu Kresna.
Miturut Begawan Kilatbuwana,syarat rukune Pandawa lan
Kurawa yaiku patine Prabu Kresna lan Semar Badranaya.Kanggo mateni
Semar, Begawan Kilatbuwana ngutus Janaka lan Bramangkara lan ngutus Duryudana kanggo ngoyak Prabu Kresna. Begawan
Kilatbuwana janji marang Indrasekti, yen Indrasekti bakalan di pasangake karo
Lesmanawati anake Duryudana.
Ana ing sawijining panggonan, Abimanyu lan Gatotkaca
nemoni Semar. Abimanyu nekakake pesene eyang Abiyasa marang Semar. Pesene eyang
Abiyasa yaiku, ngajak para Pandawa supaya bali ana ing negara Amarta lan ora
oleh maguru marang Begawan Kilatbuwana amarga Begawan Kilatbuwana mung gawe
petaka/karusakan. Banjur Semar nguncalake Abimanyu lan Gatotkaca ana ing taman
Kadilengen,Astina tujuane yaiku kanggo ketemu para Pandawa lan nekakake pesene
eyang Abiyasa supaya para Pandawa bali ana ing negara Amarta.
Nalika Semar dewean, sawetara wektu Janaka teko. Janaka
nggawa keris Pulanggeni kanggo mateni Semar. Janaka ngomong marang Semar yen
Janaka diutus karo Begawan Kilatbuwana supaya mateni Semar. Semar ngangkon Janaka supaya gawe gni kanggo mateni
Semar. Banjur,Janaka gawe geni lan ngobong Semar. Semar dadi awu. Janaka lunga lan
gawa awu. Sawise Janaka lunga, Semar malih dadi kesatriya kang aran Begawan
Cahyabuwana.
Ana ing taman Kadilengen, Astina Lesmanawati
ngomong-ngomong karo Dewi Banuwati.Sawetara wektu, Abimanyu teko. Abimanyu lan
Lesmanawati ditinggal Dewi Banuwati.Indrasekti weruh Abimanyu lan
Lesmanawati,Indrasekti nesu marang Abimanyu. Para Pandawa krungu ana suara kang
ora penak. Para Pandawa nekoni suara mau.Abimanyu nekakake pesene eyang
Abiyasa. Banjur para Pandawa lunga saka Astina lan nemoni Prabu Kresna. Nalika
Pandawa lan Prabu Kresna lagi omong-omong,Begawan Cahyabuwana teko. Begawan Cahyabuwana lagi nindakake Tapa Ngrame yaiku wajib menehi pitulungan marang
sapa wae kang mbutuhake.
Begawan Cahyabuwana nemoni Begawan Kilatbuwana. Begawan
Kilatbuwana lan Begawan Cahyabuwana dadi perang. Ana ing tengah perang,sawetara
wektu Begawan Cahyabuwana malih dadi Semar lan Begawan Kilatbuwana malih dadi
Batara Guru.Tujuane Batara Guru yaiku kanggo ngelingake marang takdir yen
perang Baratayudha wis dadi pestine amarga iku sarana sirnane angkara
murka, timbule kautaman lan ngilengake para pamong Pandawa supaya waspada.