DEWA RUCI
(sinopsis dening: Rahma Ajeng Pawulan, XII IPA 3)
Ing jaman biyen, ana kesatria gagah
prakasa kang asmane Werkudara utawa Bratasena utawa Bimasuci. Werkudara iku
putrane Pandu lan Kunthi. Minangka lair awujud wungkus, pratanda menawa
Werkudara iku ksatria kuat kang duwe ilmu piningit.
Ing sawijining dina Guru Durna
nyedakki Bratasena, “ Bratasena anakku, ana apa kotone beda temen klawan
padatan Bratasena?”. “ Menawa kula kagungan gegayuhan punapa saged kasembadan
guru ? “, wangsule Bratasena. Guru Durna ngendika “Kabeh kuwi gumantung ana ing
niat”. Bratasena (PUTUS ASA) pedot
.. amarga kelingan Bapa Pandu lan Ibu
Madrim kang ora duwe salah nanging dipapanke ana ing kawah Candradimuka. Mangkunu Bapa pandu iku wong sekti, dadi
jagone dewa lan ratu kang ditresnani karo rakyate. Guru Durna menehi ngerti
menawa Bratasena iku kuat amarga kadunungan ilmu kasampurnan. Banjur dhewekke bisa
ngupaya apa sing dadi gegayuhane. Banjur Guru durna ngendika “Bratasena, upadinen
Kayu Gung Susuhing Angin kang mapane ana ing kawah Candramuka”. Bratasena mangsuli
,”kayu gung susuhing angin niku napa guru ?”. Nanging guru durna ora iso
mangsuli “aku dhewe ora ngerti genahe Bratasena amarga iku wangsite dewa”.
Bratasena tumuju ing kawah candramuka. Jebulane wiwit mau sengkuni ngintip
pacelathone bratasena lan Guru Durna. “Kakang..?, “lha kok kowe dinda
Sengkuni..?. Sengkuni, “inggih kakang, kula badhe ngendikan . Menapa
panjenengan malah nganak emaske Bratasena. Boten ngleksanakake printahe Prabu
Duryudana supaya ngloropaken Bratasena”. “ lhoo.. kuwi mau caraku kanggo
ngloropake Bratasena, Kawah candramuka iku papan kang angker lan wingit”,
bangsule guru Durna. Sengkuni ngutus Dursasana supaya ngutus kadang-kadang
kurawa nglacak lakune Bratasena.
Saktekane ing Kawah Candramuka
Bratasena kapethuk karo raseksa loro. Raseksa-raseksa kuwi mau titisane Bathara
Bayu lan Bathara Indra. Sanajan Bratasena uwis ngeculake Bathara Guru lan
Bathara Indra seka kutukan, dhewekke diparingi ali-ali kang sinebut Sesotya
Mustika Manik Candrama. Ali-ali kuwi minangka pangiket, paningset klawan Gusti
Allah. Dayane bisa ngambah telenging bahari. Bratasena banjur takon, “ nanging
kula badhe tanglet Eyang, kayu gung susuhing angin niku napa ?”. Banjur
diwangsuli karo Bathara Bayu lan Bathara
Indra ,” ngene Bratasena, kayu iku tegese karep, gung iku gedhe ,lan susuhing
angin yaiku telenging napas. Sayektine kayu gung susuhing angin yaiku tegese
kekarepan kang gedhe iso kasembadan kudu sinatan arining napas , weninging cipta, meneping panca indra, lan sumelehing
rasa”. Bratasena ditakoni apa dhewekke uwes marem apa durung. Sanajan durung
marem, banjur dhewekke diutus supaya bali lan takon marang Guru Durna.
Saktekane mangkunu Bratasena takon ,”guru,
sing diarani ilmu kasampurnan iku apa ?. Nanging guru Durna malah semaur ,”Bratasena
upadinen Tirta Pawitra ana ing Samudra Minangkalbu !”. Bratasena tumuju ing
Samudra Minangkalbu. Sakdurunge kuwi dhewekke nekani ibu Kunthi minangka
pamitan. Sejatine ibu Kunthi ora sarujuk amarga dhewekke wedi kelangan
Bratasena. Nanging tekade Bratasena wes ora iso dipenggak maneh. Saklebare kuwi
ibu Kunthi karo pandawa supaya bareng-bareng dedonga gawe Bratasena sepaya
slamet lan iso ngayuh kekarepane. Sak ndelalahe Anoman malah mbujuki Tunggal bayu,
Maenaka, Jagad Wreak, lan Gajah Situbanda supaya ngalang-ngalangi Bratasena.
Sanajan kalah Anoman ngandarake menawa dhewekke iku ora ngalang-ngalangi
Bratasena nanging nguji sepiro bobot antep prasetyane Bratasena.
Saktekane ing Samudra Minangkalbu
Bratasena kapethuk ula nagaraja. Nanging kuwi mau ora dadi pepalang, ula-ula
kuwi mau bisa sirna amarga Bratasena duwe senjata kuku Pancanaka. Ora trima
kuwi, ombak samudra sing nggulung mumbul, sakutika dadi anteng banyune samudra
amarga Bratasena nduwe ali-ali Sesotya Mustika Manik Candrama sing diparingi
karo Bathara Bayu lan Bathara Indra.
Kanteping ombak, sinaraping naga nanging Bratasena lulus raharja iku pratanda
minangka Bratasena uwes iso ngendalekake hawa nafsune. Banjur Bratasena
kapethuk karo Dewa Ruci, “ kowe iki sapa, kok sajakke katon podo karo sliraku ?.
Dewa Ruci mangsuli ” Sejatine aku iki jati dhiri pribadimu Bratasena . Kowe
manjing ing telenging samudra Minangkalbu iki ana wigati apa ?”. “Aku rene kanggo
ngoleki tirta pawitra”. “Tirta pawitra yaiku banyu suci kang kadunungan ing
atimu dhewe. Ati kang suci ora kabanda
karo hawa nafsu”, wangsule Dewa Ruci. Banjur Bratasena takon marang Dewa Ruci
dalan tumuju ing kasampurnan lan kabagian pagesangan. Banjur Bratasena diutus
supaya manjing ing gua garbane Dewa Ruci. Gua Garba yaiku papaning bayi kang
iseh suci, saengga Bratasena wing dadi manungsa kang suci lair batin. Sucining
dhiri iku dalan supaya bica cedak marang Gusti Allah. Bratasena ngrasakake
tentrem ayem. Iku pratanda Bratasena wes cedak marang Gusti . Sanajan Bratasena
iseh manjing ing gua garbane Dewa Ruci ,ana cahya maneka warna. Cahya kuwi mau
minangka pratanda Bratasena wes kasembadan bisa ngendalekake hawa nafsu
lumantar sembah raga, cipta, rasa lan jiwa. Bratasena ngrasakake seneng.
Dhewekke njaluk supaya iso netep ana mangkunu. Nanging ora iso amarga Bratasena
iseh duwe tanggungan sing kudu dirampungake. Ibarate wong mangan Bratasena iku
minangka ngicipi, mbesuk sanajan wes teko titi wancine dheweke bakal entuk
kakentreman kang langgeng. Banjur Bratasena diutus supaya enggal metu seka gua
garbane Dewa Ruci. Kuate semedi Bratasena saengga dhewekke entuk kanugrahan
kang ma’rifat, ngerti jati diri, lan entuk kasampurnan kagesangan. Marem
sakjroning kalbu, bubar antuke semedi.
Sanajan surya wes arep angslup Permadi
nekani Guru Durna, “sanajan wes tengah wengi nanging kakang Bratasena dereng
wangsul, pripun menawi panjenengan nyulus kakang Bratasena guru ?”.” sanajan
kuwi sing dadi panjalukmu bakal dak turuti”. Jebulane Sengkuni njaluk supaya Kartamarta
ngrebut Guru Durna seka Anoman. Nanging mangkunu, Guru durna wes kapethuk karo
Bratasena kang bali kanthi slamet, bagas waras.